Kamis, 01 Desember 2011

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Rapat Pemuda

Naskah ini ditulis sebagai contoh yang dapat digunakan oleh siapapun yang merasa membutuhkan. Dalam contoh ini masih dimungkinkan untuk diubah dalam pengertian ditambah dan atau dikurangi oleh calon pengacara. Ini berarti bahwa kalimat-kalimat dalam naskah ini merupakan contoh saja dan bukan sesuatu yang paten.
Baik. Agar Anda lebih jelas, berikut ini saya contohkan apa yang dapat diungkapkan dan diucapkan oleh seorang pranatacara berbahasa Jawa. Saya umpamakan acara yang sedang dilaksanakan adalah berupa :
  1. Rapat / pertemuan pemuda
  2. Dihadiri oleh tokoh masyarakat (kalangan tua, orang tua pria-wanita), angkatan muda pria-wanita, pejabat lokal (misalnya Dukuh, Ketua RW, Ketua RT) yang mayoritas beragama Islam
  3. Pembawa acara / pranatacara beragama Islam



Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarkaatuhu,
Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Assholaatu was-salaamu’alaa asyrofil an-biyaa-i wal mursaliin. Syayyidinaa wa maulana muhammadin wa’alaa alihi wa shohbihi aj-ma’iin. Amma ba’d.

Catatan :
  1. Contoh salam pembuka ini hanya boleh diucapkan’digunakan apabila pembawa acara / pranatacara adalah seorang Muslim.
  2. Apabila pembawa acara / pranatacara beragama Islam tetapi mayoritas yang hadir bukan muslim, sebaiknya salam pembuka ini tidak digunakan.
  3. Sebagai pengganti salam pembuka tersebut, bisa digunakan kalimat : “Mugi sih wilasaning Gusti ingkang Maha Peparing tansah kajiwa lan kasarira dhateng panjenengan sedaya dalasan kula” (atau menggunakan kalimat lain yang intinya memanjatkan do’a kepada Tuhan Yang Maha Esa), kemudian diteruskan dengan kalimat di bawah ini.
Dhumateng ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh saha para sesepuh ingkang pantes pinundhi. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, nun inggih panjenenganipun Bapak Dukuh ……, Bapak Ketua RW ….. menapa dene Bapak Ketua RT…… ingkang tuhu kinabekten. Para Bapak saha Ibu minangka tokoh masyarakat ing tlatah Pedukuhan …… ingkang tansah kula hormati. Mboten kesupen dhumateng para kanca pengurus …………..(nama organisasi) ingkang tansah kaantu-antu kiprahipun ing sak lebeting gesang kemasyarakatan.
Langkung rumiyin keparenga kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara pepanggihan ing titiwanci punika, nyuwun lumunturing sih samodra pangksami dene kula cumanthaka nggempil kamardikan nyigeg pangandikan panjenengan sedaya, saperlu badhe amurwakani laksitaning adicara ing titiwanci punika.
Anamung sak derengipun, murih ing samangke sageta jumbuh menapa ingkang dados wigatining pepanggiha menika, keparenga badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karantam, ingkang ing samangke badhe kapurwakani kanthi adicara ingkang angka sepisan nun inggih Pambuka. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, atur pam bagyaharja saking Ketua …….. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh……………….. Adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatining pepanggihan menika nun inggih Musyawarah, ingkang samangke lampahing adicara musyawarah menika kaaturaken dhateng sedherek Ketua…………… Paripurnaning adicara musyawarah, kalajengaken adicara mirunggan ingkang badhe kaaturaken wontenipun sawetawis atur saking pengurus. Wondene adicara ingkang angka enem minangka pungkasaning adicara, nun inggih adicara Panutup.
Para bapak, para ibu saha para sedehrek sedaya ingkang tansah kinurmatan. Sumangga adicara pepanggihan ing titiwanci punika tumunten kita awiti. Minangka pambuka laksitaning adicara, sumangga kita purwakani kanthi sareng-sareng ndedonga kanthi nenuwun lan nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmalah, kula dhereaken.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, atur pambagyaharja saking Ketua ……………. Ingkang menika dhumateng sedherek Ketua ….kasumanggaaken.

=====(setelah pambagyaharja dari ketua selesai)=====

Mekaten manggah atur pambagyaharja ingkang sampun kaaturaken denening sedherek ……………………. Kalajengaken adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh …………………… Dhumateng Bapak Dukuh …………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

=====(setelah Sambutan Dukuh selesai)=====

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Dukuh……………….. ingkang sampun kepareng paring pangandikan, ingkang sedaya pangandikan kala wau minangka pambombong lan pambimbing tumrap pengurus saha anggota ………..(nama organisasi) ing tlatah Pedukuhan ………………..
Para Bapak, para ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, lumebet adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatining adicara pepanggihan ing titiwanci menika, inggih adicara Musyawarah. Wondene lampahing adicara musyawarah menika, sawetahipun kula aturaken dhateng sedherek Ketua ……….. (nama organisasi). Dhumateng sedherek …….. (nama Ketua) kasumanggaaken.

=====(setelah jalannya musyawarah selesai)=====

Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Sampun paripurna adicara musyawarah ing titiwanci menika lan saestu sampun pinanggih rembag ingkang gumathok minangka paugeraning pakaryan utawi kegiatan ingkang badhe sareng-sareng kita lampahi ing wekdal ingkang badhe dhateng.
Para lenggah ingkang kinurmatan, ndungkap adicara ingkang angka gangsal, sawetawis atur saking pengurus ingkang badhe kaaturaken dening sedherek sekretaris. Dhumateng sedherek sekretaris, wekdal kasumanggaaken.

=====(setelah sekretaris selesai menyampaikan)=====

Mekaten sawetawis atur saking sedherek sekretaris, mugi ndadosna kawigatosan dhumateng para anggota lan minggahipun dhumateng sedaya para lenggah.
Para Bapak sumrambah para Ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, titi laksananing adicara pepanggihan ing wekdal punika wiwit purwa, madya dumugi wusananing pepanggihan sampun lumampah kathi wilujeng nir ing sambekala. Minangka panutuping adicara, sumangga adicara ing titiwanci menika kita pungkasi ngiras pantes minangka raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. ……. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin…

Para lenggah ingkang kinurmatan, ing mbok bilih sak dangunipun kula ndherekaken lampahing adicara, inggih minangka jejering pranatacara kathah atur ingkang kirang nuju prana menapa dena tindak-tanduk kula ingkang kirang mranani, saestu kanthi andhap asoring manah kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, nyuwun aguning pangapunten.
Wusana, wassalaamu;alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar